Sunday 13 July 2014

Legenda Gunung Mangge Babad 18

Info admin: Di bagian barat Ponorogo terdapat sebuah gunung yang dibawahnya terdapat tembusan sungai. Gunung tersebut bernama Gunung Mangge.

Berikut ini legenda Gunung Mangge dari catatan naskah Jaman Belanda karangan Mas Kuswadiarja guru bantu di Adiwarna tahun 1916. Tulisan kami buat bersambung agar dapat di ikuti tahap demi tahap.Terjemah dilakukan oleh tim SETENPO.

Cariyosipun Rara Kandrêman

Ing dhusun Mangge rèh dhistrik Samarata Asdheling Panaraga wontên satunggiling rêdi alit (gumuk) punika wontên lèpènipun lumêbêt ing rêdi wau, saking kilèn rêdi mangetan dumugi wetan rêdi.

Kajawi punika wontên bolonganipun manginggil dumugi ing pucak, kathahipun kalih iji (kados kawah), dene mula bukanipun makatên:
Kacariyos ing jaman kina wontên tiyang anama: Ki Agêng Mangge, kalihan Ki Agêng Mangli. Ki Agêng Mangge punika adêdunung sawetaning rêdi, Ki Agêng Mangli wontên sakilèn rêdi.

Kacariyos Ki Agêng Mangge kagungan putra satunggil, nanging èstri. Punika endah ing warni, anama: Rara Kandrêman. Ta, mangkana, Ki Agêng Mangli mirêng pawartos manawi Ki Agêng Mangge kagungan putra èstri ingkang endah ing warni, sanalika lajêng kasmaran. Siyang ratri namung anggagas badhe sagêdipun priksa dhatêng putranipun Ki Agêng Mangge.

Wasana tuwuh ing gagasaning galihipun wau, lajêng mêdal kapurunanipun, ciptaning wardaya makatên: Yèn ta aku arêp wêruh marang suwarnane kang dadi têlênging atiku, kaya-kaya kangelan bangêt, awit putrane Ki Agêng Mangge iku mêsthine piningit, mulane luwih bêcik dak têmbunge kaparênga dadi têtimbanganku.

Kacariyos Ki Agêng Mangli lajêng nglampahakên duta cantrikipun, dhatêng ing Kamanggèn.

Terjemah:

Di dusun Mange wilayah Distrik Sumoroto Ashdeling Ponorogo ada sebuah gunung kecil/gumuk didalamnya ada sebuah sungai kecil masuk di dalam bukit tadi,dari arah barat ke arah timur.

(Ket: Cerita ditulis tahun 1916 sehingga masih menggunakan istilah distrik dan ashdeling. Saat ini secara administratif Gunung Mangge terletak di desa Sidorejo Kecamatan Sukorejo)

Selain itu ada lubang ke atas menuju puncak gunung ,jumlahnya 2 buah (seperti kawah), adapun asal kejadianya seperti ini.

Menurut cerita di jaman kuno ada orang bernama Ki Ageng Mangge dan Ki Ageng Mangli, Ki Ageng Mangge tinggal di timur gunung,Ki Ageng Mangli di barat gunung)

Diceritakan Ki Ageng Mangge mempunyai 1 anak perempuan. Anak tersebut cantik jelita bernama Rara Kandreman. Maka,setelah mendengar kabar bahwa Ki Ageng Mangge mempunyai anak perempuan yang cantik jelita,maka kemudian merasa jatuh cinta. Siang malam hanya berfikir bagaimana bisa melihat putri Ki Ageng Mangge.

Maka tumbuhlah gagasan dalam fikiran, kemudian lahir keinginan, keputusanya seperti ini. Jika aku ingin tau kecantikan orang yang aku dambakan,sepertinya akan kesulitan sekali sebab Anak Ki Ageng Mangge itu pasti di pingit,maka lebih baik ku lamar menjadi pendampingku. Setelah itu,Ki Ageng Mangli kemudian mengutus muridnya menuju desa Mangge.
Bersambung:

Referensi: http://www.sastra.org/bahasa-dan-budaya/95-wayang/296-rara-kandreman-kuswadiarja-1916-533
Sumber : FB Setenpo

Foto: Anie

No comments:

Post a Comment