Sunday 13 July 2014

Seri Babad Ponorogo 16

Tumenggung Mertowongso Seda Lawe.

Sasedanipun Tumenggung Ronggowicitro II kagantos Pangeran Kuning jejuluk asma Raden Tumenggung Mertowongso.

Waktu semanten hubunganipun sampun kaliyan kraton ing Kartosura. Waktu enggal enggalanipun kraton Kartosuro dening Sunan Mangkurat Prabu para bupati manca negri kathah ingkang sami tinimbalan,ngan
wontenaken keramean rupi rupi. Antawisipun wonten tontonan aben abenan. Aben maesa, aben sawung, aben menda tuwin sanes sanesipun. Para bupati kathah ingkang sami ngedali.

Kacariyos,bupati Ponorogo Mertowongso bekto menda prucul kaliyan ayam bekisar. Menda prucul (tanpo sungu) dipun aben kaliyan menda agung tur sungu lancip saget mimpang. Bekisar dipun aben kaliyan sawung ageng inggih mimpang bekisaripun.

Mekaten wau ndadosaken dukanipun sang nata, Rumaos dipun sepeleaken. R Tumenggung Mertowongso lajeng kaukum pejah menawi kalawe mila lajeng asma Raden Tumenggung Mertowongso Seda Lawe sinareaken ing Pasarean Setono.

Info admin:

1. Ingkang nyuwun dipun posting naskah Asli Babad Ponorogo monggo dipun pirsani, niki monggo dipun waos.

2. Damel ingkang taksih rumaos sisah maos boso jaman rumiyin di anggep mawon niki latihan kalih ngraosaken pripun prosese admin kaliyan redaksi menawi bade terjemah saben dinten he2x.

3. Terjemahipun insy bade dipun posting benjing enjing.

Ket foto: Gerbang masuk ke pesarean keluarga besar Bathoro Katong di Setono. Tumenggung Mertowongso Seda Lawe dimakamkan di pelataran nomer II nomer urut II (Beliau tidak mau dibuatkan cungkup).

Babad Ponorogo,Jilid II Hal 22.
Sumber : FB Setenpo
 

No comments:

Post a Comment